harga genset honda

Malvinis


Malvinis kuwi Malvinas cilik. Sing luwih cilik seko Malvinis yo ono, ning ora usah diteruské, dadi omong saru malah repot tur yo ora pantes. Malvinas -nèk wong Inggris nyebut Falkland, dadi ngetop banget kiro-kiro tahun 1982-an. Malvinas meski cedhak karo Argentina ning wis suwé mlebu nang kekuasaané Inggris. Paling ora kuwi sing diklaim Inggris.


Malvinas dadi ngetop mergo pihak Argentina sekitar awal 1982 ora mung sekedar nge-klaim, ning yo aktif nyerang Malvinas. Nguasai Malvinas. Inggris ora trimo, bales nyerang. Miturut mbah Wiki (Wikipedia), Argentina nyerang Malvinas kuwi mergo pemerintahan diktator Argentina jaman kuwi perlu pengalihan isu. Perlu ‘cari-muka’ nang ngarep rakyaté. Dadi bèn rasa nasionalisme berkobar-kobar trus nyerang Malvinas. Ning bareng karo kuwi, rakyat yo dadi lali karo masalah dalam negeri kaitané karo polah-tingkahé penguasa. Iki miturut mbah Wiki.


Mbah Wiki kétoké yo mung setengah bener, soalé nèk didelok seko sisi Inggris, Margaret Thatcher yo gèk arep ngadepi pemilu manèh. Thatcher kepilih dadi PM Inggris akhir 1979 lan mulai nglakoké reformasi besar-besaran. Mbalik dalan, dab. Seko dalan negara kesejahteraan (welfare state) dadi napak dalam neoliberalisme. Iki ora gampang lan perlu wektu transisi sing rakyat Inggris wektu kuwi isih akèh sing durung iso nompo. Dadi nang Inggris wektu kuwi yo ono masalah dalam negeri kaitané karo penguasa. Podho karo Argentina, masalah Malvinas utowo Falkland iki berhasil ngobarké rasa nasionalisme nang Inggris kono. Rakyat dadi lali masalah-masalah dalam negeri. Konkret-é, Thatcher kepilih manèh dadi PM kanggo jabatan sing ping loro. Wis jan, mak nyus tenan iki.


Malvinis logikané koyo ngono kuwi, ning ora usah bedil-bedil-an. Cukup perang mulut, twitter-twitter-an, opo surat-surat-an. Ora luwih seko kuwi, lha wong mung cilik-cilik-an jé …. *** (26/11/2013)



sumber : http://politik.kompasiana.com/2013/11/26/malvinis-614193.html

Malvinis | Unknown | 5

0 komentar:

Posting Komentar